Welcome To `Life Is Bubble Gum`s Blog ~ Life is bubble gum ~ It's sweet and its fun ~ So come on, come on have some fum ~ Together will have loves of joy and happines ~ Life is a bubble gum ~ It’s big and it’s fun ~ So come on, come on have some fum ~ Together we will make this world a better place ~ Enjoy Here Guys!!

Buscar

Páginas

Pidato Basa Jawa / Sesorah

Hello guys . .

Sugeng sonten :D
Kula badhe bagi-bagi info bab PIDATO BASA JAWA/SESORAH

Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah nggatekake bab:
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah utawa lewih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu dikurmati.
Wong sing sesorah iku uga kudu ngerti kahanan, yen ing desa utawa kampung bisa nggunakake basa krama kabeh, nanging yen ing kutha bisa kecampur bahasa Indonesia laras karo sing mirengake.
Manut kanyataan ana ing adicara temanten, syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), basa sing digunakake yaiku basa krama sing becik kecampuran basa rinengga supaya becik menawa digunakake iku prasaja, ukurane ora ngambra-ambra lan wusana penak dirungokake dening wong liya.
2. Busana
Menawa wong sesorah becike nggunakake busana sing becik lan sopan. Ana tetembungan "Ajining raga saka busana" Kejaba kanggo ngormati marang sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewe. Busana uga kalarasake karo kahanan lan tujuan.
3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake tetembungan sing jelas, ora groyok, ora kecepetan saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karepe, iramane ora lugu kaya wong maca buku.
4. Solah bawa (sikap)
Wong sesorah iku sikape kudu mantep lan tatag, madhep marang pamriksa, aja tumungkul, ndhingkluk lan aja ndangak.

Bab liyane sing kudu disingkiri antarane :
1. Polatan besengut
2. Gugup
3. Ngguyu sing digawe-gawe
4. Sering ndeleng cathetan
5. Bola-bali ngobahake tangan/sikil
6. Ngadeg kaku kaya wong baris
7. Karo mlaku-mlaku
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi utawa kathok

Urut-Urutane Sesorah :
1. Salam Pambuka
Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun, kula nuwun, sugeng siyang, sugeng ndalu utawa salam liyane.
2. Purwaka
Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku.
3. Isi/Wigatining atur
Isine bab apa bae sing bakal diaturake manut marang acarane.
4. Pangarep-arep
Isine bab sing disuwunake (diarep-arep) saka sing kagungan kersa marang tamune, umpamane donga, pitutur, lan sapiturute.
5. Panutup
Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak-tanduk sing ora mranani penggalih.

Cekap semanten nggih rencang2
matur thank you :::::::)

0 komentar:

Posting Komentar